- "Wiridan kok di batin? yo mangan kuwi batinen.! ~Wis mangan nduk...? [mpun, kulo batin]"
- "Rizkine santri, ra kudu duwit."
- "Dadi wong pelit, sok emben rizkine tetep sithik."
- "Perbanyaklah taubat, supoyo rizkine lancar."
- "Angger atine apik, kelakuane mesthi apik."
- titenono, mesthi bangsane thele thele..مرضى٠قتلى "
- "Orang yang sering mengecewakan orang lain, genah rizkine ora barokah."
- "Dimanapun ora disiplin, ENTENONO mlarate."
- "Saiki di praktekke !, nak kathokan karo lungguh."
- "Wong tambah ilmune, ora tambah pituduhe, wong kui tambah genah (genah adoh minalloh)."
- "Sampean nak ra pingin kesantet, yo sholato fajar kang."
- "Ojo ngasik pian pisan, lumaku nok ngarepe Guru."
- "Omah kok kebak Lamat, ngalamat mlarat."
- "Wong nok surgo iku eneke seneng, karo padang kok."
- "Wong ribut ra masalah, aku ra ribut."
- "Hukum itu kembali pada alasan."
- "Karo dunyo, ora patek kemrungsung."
- "Wis, miliho ! sing apik sing endi ? "
- "Lemah pikirane itu berpikir, wegah."
- "Omong itu ya, sak perlune."
- "Sing Ngeki rizqi Alloh, Nanduro !!!"
- "Neroko iku makin lama, makin panas kang ."
- "Ulo, selama urip, yo ora najis
nak mati, semua hewan hukume najis, kecuali 5." - "Set jambu niko, boten najis kang, nak mangan jambu, klethukono sisan kang..."
- "Lha saiki asu malah podo do di pangan. jare gon Qur'an ra enek."
- "Dunyo ki dadi molo.
opo, dunyo sing ora dadi molo ?
wiss, titenono rak dadi molo." - "Mikirmu ojo positive thok, sisi negative barang."
- "Iki sing ati ati..."
- "Wong ki duwe gawean sing iso nyegah maksiat."
- "aNGGERE BAR MANGAN, LEREN, MANGAN NONGKO, NGUYOHO !, RAK NGUYOH NONGKO !."
- "Wis ra ngerti kebersihan blas, mosok sikil gebal di capne ning tembok."
- "Bocahe apik kae... tenan? tenan, kwuning.
Ho'o to..?
Ho'o, UNTUNE." - "kulo kelingan ning pesantren, kulo kuati kang."
- "Dikulinakke yo, angger bar ko kolah wudhu 2."
- "Jane ngono asline yo, bar ngising peper disik, terus agek gowo banyu."
- "Nrambul ki jane ora entuk bagian, tapi jaluk bagian."
- "Iki penak, cah lanang, enek tembok di tutulne.
[peper, penting gon garing. kenek]" - "Okeh pesantren.
sing manfaat, iku sithik." - "Dunyo wae kok di gelani."
- "Jangan bangga jadi orang kaya.
Jangan kecil hati jadi orang tak punya." - "Yo, ngerti nak agama iku penting. tapi hanya sebatas penting.
Mulo, sampean syukuro kang. ngerti penting, terus di pentingke." - "Mulo nak ono wong ngentut, jo di guyu."
- "Wong wadon ojomelu 2 wong lanang !, wong wadon kok gagah perkasa. nak sujud di benggang."
- "Jalan 2 kok nemu : iki kok drijine painem ?
iku ora batal." - Bates bathinil kaffi, tangan -2 di gathukke, endi sing ora ketok, iku bathine epek epek."
- "(Mbake : ".sampean rep ngepek kulo, tak keki fathul qorib sek, woconen !.)
- "Yo kumpul jeng nabi, tapi nabi gak pirso, : yo termasuk shohabat."
- "nabi Isa iku shohabat."
- "Khidir iku shohabat."
- "Lungguh karo wong 'alim, luwih apik timbang 1000 reka'at.
- "Jibril iku shohabat." [rupo wong bagus]
- "Kulo ning pondok jarang kang, lungo lungo."
- "Nak kowe pingin diwelasi, dadio wong sholeh."
- "Nak iso, opo opo ojo di aku [aku] dewe."
- "Wong ki nak diwelasi Alloh, mesti penak. koyo wongki nak di welasi wong tuo, penak."
- "Wong koyo ngono kui ra isoh, nak ora di ridhoni Alloh"
[bagi wektu] - "Jadi, Alhamdulillah, gak jadi, ga masalah."
- "Datang salam, pulang salam."
- "Berpikir maksiat pun, tidak."
- "Tirakat, itu ninggal maksiat."
- "Kenek, kowe wiridan ora nyambut gawe, ning ojo rabi."
- "Sing mau ora sabar, ben dadi sabar."
- "Ngaji, sing ora beneh ben dadi beneh."
- "Meksone nafsu kilo... yang angel."
- "Wong urip golek ridlone Alloh iku, dalane bedo bedo."
"Setiap manusia, jalur ibadahe ki bedo bedo." - "Salah di keploki,
Imame: "ngopo dikeploki? Jingklonge akeh? - "Mangan nak urung ketok ko duwur urung uwis."
- "Aku kek-ono duwit, lethonge pek-en."
- "Ngaji istiqomah,
Mangan istiqomah,
Kerja istiqomah." - "Ayu, Sugih, di cukupi kabeh, tapi ra ono nyowone."
- "Wong loro kok gelem sholat sunat, nak ra wong walaah..."
- "Taqwalloh, fis sirri wal 'alaniyyah, sababu kulli sa'adah. suwe suwe kecekel kwabeh."
- "Subhanalloh, sholat tahajud wengi niki di istiqomahake geh? mugo 2 dugi griyo geh,,?"
- "Nak gur pisan, kabeh wong isoh, sing berat istiqomah."
- "Kelebihane Nabi, Nabi pirso makmum nok buri."
- "Barang elek ki, nak dirungokke wong bodo, apik."
- "Kancane ngaji trimo turu ok kang. sing penting Qur'an lanyah, ati o Qur'an lanyah? kon endang nglanyahke, unak unuk, ngalor ngidul, tuku krupuk, bali neh, tuku gembos, ngalor ngidul ora wegoh yo? bola bali cah kui maneh."
- "Sugih iku ora milik gone kancane."
- "Hasanahe iku, ben dipilihake gusti Alloh sesuai karo kondisi."
- "Nak kapasitase gak nyampe, malah keberatan."
- "Nyuwun sewu ya?, wongki nak jaluk, mbok ojo mekso."
- "Bojo koyo ngono, di-ingu."
- "Asline do'ane etuk-e koyo ngono kui wes di sesuai ke karo Alloh."
- "Sing marai sok ra kabul do'a :
1.Ora paham do'a
2.Ra paham kersane Alloh." - "Nak do'a, ojo kemrungsung !,
alon 2..
Do'a kok getak getak.?" - "Oo, wong nak ra paham, iku suloyo."
- "Dzikir po kudu thenguk thenguk?
-La wong direwangi thenguk 2 wae atine ijek mblayang, opo maneh ora.? yo mboh nak kowe waline gusti Alloh." - "Nak jaluk, jaluko wong barokah, urip barokah, mati barokah, sakit barokah."
- "Setiap hati kok dzikir angel, ngertio, iku flek flek-e dosa."
- "Ngaji... ngono aelah, rasah gagas umur."
- "Kok gampangmen ngakon pegat bojo."
- "Gak penting lah, PADU iku ra penting."
- "Arep ngaji, iku nganggo wangen wangen !. kon ngambu kancane sek, "piye kang... aku mambu ora kang?."
- "Ben gelem takon kancane, ben gelem bukak, ben tawadlu'."
- "Imam Syafi'i iku srengenge ing dalem dunyo."
- "Wong nak tawakale rendah, ora wadul manuso, ora marem. Padahal, sing diwaduli urung tentu ngrampungi masalah."
- "Tawakal kok emosi?."
- "Tawakal, iku tinggal wadul manungso."
- "Kowe sabar, rak bojomu berontak."
- "Aku tawakal, kono ngeyel."
- "Golek konco hidup seimbang, iku susah."
- "Nak ekonomimu rupek, Shodaqoho.!"
- "Sing paling berat iku urip bebarengan karo wong urip."
- "Ilmu ki kudu diparani, ora teko dewe."
- "Opo opo itu diniati sing ikhlas."
- "Wayah leren, leren. wayah ngaji, ngaji. ngono wae lah."
[nrimonan] - "Iki sampean pek-lah."
- "Mikir dunyo ki, males."
- "Kamu haruslah ingat pada Alloh."
- "Alhamdulillah, kulo ki mboten ono pikiran nyalon... ra wurung ora duwe titel, ora ono sing milih..."
- "Moro yo ikhlas, ra moro yo ikhlas"
Sabtu, 11 Januari 2014
Maqolah Bp.Kyai
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar